TUGAS
Disusun Oleh :
1.
DEA INDAH. W
2.
DEWI RAHMAWATI
3.
KUSWATI
4.
CICI VITA. M
KELAS
: IX E
SMP NEGERI 4 SINDANG INDRAMAYU
TAHUN
2014
=======================================
SELAMETAKEN BUMI KITA
Hari Bumi sing ditetapaken ning tanggal 22 April 2010, diperingati
secara internasional, tujuane kanggo ningkataken kesadaran lan apresiasi, ning
bumi sing dienggoni ning kabeh mahluk.
Taun kiyen sing ke – patang puluh, bumi diperingati, mulai
dicanagaken sing sepisan ning Senator Amerika Serikat, Gaylord Nelson, salah
sijine pengajar lingkungan urip tahun 1970.
Direktur eksekutif Nasional Wahana Lingkungan Hidup Indonesia
(Wahli), Berry Nahdian Furqon ngomong ; “didasaraken sing asil penelitian, sing
Internasional Climate Change (ICC), ning wektu sekiyen akumulasi konsentrasi gas
tumah kaca, wis pas ning watese, yaiku luwih sing 380 part per million (ppm)
padahal setandare ning angka 330-350 ppm.
Diprediksi ning tahun 2030 – 2040 arep ana kedadiyan peningkatan
gas umah kaca dadi 490 ppm. Peningkatan iku sing nyebabaken munggahe suhu/hawane
nduwure bumi, nyebabaken es ning kutub lor lumer, duwure banyu ning laut, uga
probahan iklim dadi ekstrim utawa ningkat, munggahe suhu utawa hawa bumi, uga
bias nyebabaken penyebarane penyakit, ngancam persediaan pangan donya, lan gawe
kangelane para nelayan ngulati iwak ning laut.
Pemanasan global lan perobahan iklim, nggambaraken bumi kaanane
tambah kurang bagus, akibate keseimbangan tatanan biosfir tambah b eli jelas,
sebab pengolahan lingkungan sing beli ramah, “Jarene Berry”. Padahal upaya kanggo
mulhaken bumi kurang imbang, baka ditimbang bari aktivitas menugsa sing sifate
ngrusak lan mengeksploitasi bumi.
Pengamat lingkungan Erna Witular, ngomong : “ Sekiyen kaanan bumi
tambah rusak, sebab peningkatan penduduk sing beli bias dikendaleni, kurang
baguse kaanan bumi, uga ditandai bari kaanan ekonomi, sing beli dibarengi bari
njaga lingkungan, jor – joran nggunakaken energy, terus jurang antarane wong
miskin lan sing sugih tambah amba, nyebabaken masyarakat miskin, kepeksa nrusak
lan ngotori lingkungane.
Tambah peduli, untunge jarene erna, ning wektu sekiyen masyarakat
mulai ngerti lan peduli ning lingkungane, kesadarane mulai muncul ning tahun
2007 lan para generasi muda mulai kreatif, gawe ide – ide kanggo ndandani
kaanan lingkungan, dadi aja ngremehaken baka ana sekelompok wong sing gawe
kegiatan ndandani lingkungane, tapi lewih bagus maning baka kegiatan iku
dikerjakaken rame – rame, langkah – langkahe kudu dibarengi ning kegiatan
industry uga ning pemerintah.
Salah sijine upaya sing bisa ditindakaken ning kegiatan industry,
uga individual kanggo mbiasakaken mbuwang limbah, bari cara ndaur limbah
kasebut, ning saben dina kita – kita
kabeh bisa milih inuman sing kemasane nganggo label karbon, nganggo cara
kiyen bisa mbantu ngurangi dampak emisi karbon ning lingkungan (delengan
grafis).
Ning kegiatan sejen, waldi uga ngajuraken para generasi muda, bisa
mulihaken lan ngampanyekaken moto”Pulihaken Indonesia Untuk Keselamatan Rakyat
dan Dunia” salah sijine cara yaiku
ngandegaken macem – macem aktivitas, sing bisa nimbulaken kerusakan lan sing
paling utama kebijakan pemerintah kudu anal an mbela ning pemeliharaane
lingkungan.
Anane pengembangan “Green Economy” yaiku “ Ekonomi Ijo” ning negera
– Negara sejen, Berry negesaken, menawa ekonomi ijo ning Indonesia during ana,
artine masih sifate slogan, kenangapa? Sebab konsep ekonomi politik during
berubah, yaiku masih ngugemi utawa nganut ekonomi eksploitasi.
Mulai sebab iku, waldi njaluk Presiden Susilo Bambang Yudhyono
ngumumaken situasi darurat ekologis Indonesia sing tambah kristis lan
nganjuraken kabeh golongan bareng – bareng mulihaken kaanan iku. Carane bari
cara mengintegrasikan pembangunan nasional beli nganggo cara parsial.
Semangan ekkonomi ijo bisa keleksanaan, baka rakyat bisa maksa
pemerintah ngrubah haluan konsepsi kebijakan pembangunan, kebijakan antarane,
yaiku nandur tanduran ning endi bae, khususe ning lahan kosong, mulihaken kaana
kali lan lingkungan, uga ndorong upaya nasional lan global, supaya kabeh
menungsa ning donya ngubah tatanan ekonomi politik, sing eksploitatif lan
nduweni konsepsi ekonomi politik ramah lingkungan sing terus – terusan.
Ning bagian sejen, penggunaan energy ramah lingkungan, uga during
dadi tujuan utama, sebab masih pada
ngandelaken energy fosil, sing dadi penyebab utama pemanasan global, iku sing
paling kurang bagus, kenangapa? Sebab Indonesia iku sugih energy alternative
sing bisa diandelaken, kaya dene tenaga banyu, tenaga srengenge lan tenaga
biotermal.
Sekiyen wis ana tindakan – tindakan sing diupayaken ning Indonesia
yaiku kanggo ndandani kerusakan lingkunan, antarane ngurangi pembalakan liar,
upaya lan njaga kebakaran alas.
0 comments:
Post a Comment